Paidi karo Paijo bengi-bengi peteng dedet nyolong jeruk neng kebon duweke pak lurah.
Ijek oleh setengah karung, ono asu njenggong, wong 2 langsung mlayu ngeciprit wedi selak konangan.

Tekan ngarep Gerbang Kuburan
angker, jeruke tibo ngglundung loro.
Tapi ditinggal mergo kesusu selak arep cepet ndelik neng mburi pendoso.
timbang konangan.

Diangen-angen wis aman, paidi lan paijo njur bagi hasil….
“Aku siji…. kowe siji….
aku siji.. kowe siji..
aku siji.. kowe siji….”
Ngono terus nganti ora sadar lek ono wong liwat, yoiku Si Kasdi sing ketepakan tas muleh ndilok wayang kulit nang bale deso.

Saking kaget lan mrindinge krungu sworo aneh teko njero kuburan angker……
“Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji…….”
Kasdi langsung mlayu marani
omahe mbah Jolo (sesepuh ahli perdemitan ning ndeso) karo ngos-ngosan pucet ndeprok dengkule meh protol.
banjur Kasdi crito perkoro suara neng kuburan angker mau.

Mbah Jolo penasaran,
Njur langsung ngajak Kasdi ngindik neng ngarep Gerbang Kuburan karo ita-itu. Ora wedi blas!!!
Tekan ngarep Kuburan, Kasdi ora wani mlebu. Sikile keder karo ndeprok gocekan sarunge mbah Jolo mergo sik panggah krungu sworo
“Aku siji.. kowe siji.. aku siji.. kowe siji…”

Kasdi : ” mbah, niku nopo sworo malaikat itung2an nyowo menungso sing sampun dicabut ajeng dilaporke dumateng gusti sing moho kuwaos geh?”
Takon kasdi bisik-bisik gemeter keweden….
Mbah Jolo : “Mbuuh aku dewe ora paham Di”
jawabe mbah Jolo karo ngempet ambekan…..

Ora suwe ono sworo maneh teko njero kuburan..
“Iki wis rampung kabeh, saiki kari loro neng ngarep Gerbang Kuburan kae,
Sopo sing njupuk?
Kowe opo aku??”

Mbah jolo lan kasdi :
” Waahhh…..blaennn…..!! ”
Njenggirat kaget Mbah Jolo saknaliko mlumpat kalen mlayu
keponthal-ponthal, tibo tangi nganti ra kroso sandale pedot…..sarunge mlorot……. ”
Mbaahhh….tunggu mbahh.. entenonooo
?????